SESORAH

Sesorah utawa pidhato yaiku micara utawa nglairake gagasan, panemu saran lisan ing sangarepe wong akeh.

Ing materi sesorah pidato basa jawa menika, Synaoo.com badhe medharaken pengertian sesorah, jenis-jensi sesorah, tujuane sesorah, struktur sesorah dan contoh sesorah.

 Sesorah

Jinising Sesorah 

1. Sesorah lan medhar sabda : sipate umum tumrape maca ing ngarepe wong akeh.

2. Ular-ular/ wasita adi : ababagan keutaman, pitutur becik, lan sapanunggalane.

3. Pambagyaharja : kanggo nampa tamu.

4. Tanggap sabda : kanggo nanggepi ature pambagyaharja.

5. Khotbhah : babagan agama.

Ancas utawa Tujuane Sesorah 

1. Atur Pambagya : Sesorah kanggo nampa rawuhe para tamu kang ana ing acara.

2. Atur Kabar/Pawarta : Sesorah kanggo ngaturake kabar kang arupa palapuran utawa nyritkake sawijining bab marang pamiarsa.

3. Atur Lelipur (Hiburan) : Sesorah kanggo aweh panglipur kanti ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe.

4. Ngengajak : Sesorah kang sipate ajak-ajak supaya sing ngrungokake percaya banjur kepencut lan melu nglakoni apa kang diwedharake ing sesorah.

Ratamane/Urut-Urutane Sesorah 

1. Salam Pambuka : Uluk salam miturut agama kang dianut.

2. Purwaka : Ngemot atur pakurmatan, ngonjukake puji syukur marang Gusti, atur panuwun marang tamu.

3. Surasa basa (isi) : Wose sesorah, bisa tanggap wacana bisa pambagyaharja, uga bisa sesorah liyane. Isine underan bab kang diwedhrake.

4. Dudutan : Ringkesan isineng sesorah.

5. Pangarep-arep lan pesen : bab-bab kang dipesenake kanthi anane sesorah kang diwedharake.

6. Wasana Basa (Panutup) : Atur panuwun lan nyuwun pangapura tumprap sekabehe kaluputan marang sesorah kang diwedhrake.

7. Salam Panutup : Wujude atur panutup.

Cara Maca Sesorah 

1. Maca : nindakake sesorah kanthi maca teks kang wus disiyapake sedurunge.

2. Ngapalake : Nyiapake teks sesorah kang jangkep luwih dhisik sedurunge nindakake sesorah banjur diapalake.

3. Ekstemporan : Nyepakake tulisan kang dadi ragangan/cengkrongane sesorah.

4. Impromptu : Nindakake sesorah tanpa ana persiyapan apa-apa.

Kang Perlu digatekake Nalika Maca Sesorah

1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo apa sing diadhepi.

2. Busana
Menawa sesorah prayogaen migunakake busana kang becik lan sopan.

3. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungu, ora kebanteren lan ora kelonen.

4. Solah bawa/tindak-tanduk
Solah bawane wong sesorah kudu manteb, lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja ndingkluk lan aja ndangak.

Tuladhane Sesorah

YOGYAKARTA TETEP ISTIMEWA
Dening : Elida Fadhilatul Latifa (XII Aksel/05)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.

     Ingkang kinurmatan Ibu Triwik Damarjati,Ibu Kinanti saha para kanca ingkang kula tresnani.

     Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan angaturaken puja pangalembana wonten Ngarsa Dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun paring nugraha, rahmat, saha berkah kangge panjenengan satemah kula panjenengan saged pepanggihan wonten ing papan punika kanthi widada, wilujeng nir ing rubeda kalis ing sambekala.

      Saklajengipun wonten ing wekdal punika, keparenga kawula badhe angaturaken sesorah, kanthi irah-irahan “Yogyakarta Tetep Istimewa”.

     Sagung para lenggah ingkang mahambeg berbudi utami. Punapa sebabipun Yogyakarta punika dados daerah ingkang istimewa? Kasinggihan, Yogyakarta pinangka daerah ingkang istimewa amergi anggadhahi mapinten-pinten alesan. Ing antawisipun:

     Yogyakarta pinangka papan pasinaon. Sampun kaloka bilih para mudha saking saindenging  tlatah nuswantara sami kepingin ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi wonten ing kitha menika. Kanthi mekaten kathah para mudha saking Aceh, Batak, Minang, Melayu, Sunda, Dayak, Ambon, Bali menapa dene Papua ingkang mapan wonten ing Yogyakarta saperlu ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi.

     Yogyakarta pinangka sumbering kabudayan Jawi. Para Tamu tartamtu sampun pirsa bilih Ngayogyakarta Hadiningrat pinangka Kraton, pramila wonten ing mriki  basa jawi, unggah-ungguh, adat kabudayan, tata krami saha seni tradisi tansah dipun uri-uri amrih lestantun, ngrembaka lan mekaring kabudayan Jawi.

     Yogyakarta ugi kaloka pinangka kitha pariwisata, saengga kathah wisatawan manca negari saha wisatawan nuswantara ingkang kepingin mriksani kaendahanipun papan-papan wisata ing Yogyakarta, linangkung wisata kraton Yogyakarta lan Pakualaman. Para wisatawan menika ugi kepingin angraosaken gudheg ingkang mirasa saha mundhut batik kagem angsal-angsal.

     Saklajengipun ingkang langkung wigatos, kitha Yogyakarta menika pinangka kitha perjuangan ingkang anyengkuyung jejeging Negara Kesatuan Republik Indonesia. Ing jaman perjuangan, ingkang dipun pandegani dening ingkang sinuwun Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu.

     Ing tanggal 4 Januari 1946, rikala RI nembe ngancik kawan wulan saking merdika, Walanda kepingin njajah malih negari Indonesia kanthi mbonceng pasukan Sekutu. Medan lan Palembang sampun dipunkuasani dening Sekutu. Gendera Walanda dipunkibaraken malih ing Jakarta. Semanten ugi Semarang lan Surabaya, inggih sampun dipunkuasani dening Sekutu.

     Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu nyawisaken Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipaten Pakualaman pinangka papan kagem para pemimpin Indonesia supados rancak angendali punjering pemerintahan RI saking Yogyakarta. Sejarawan paring katerangan bilih Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga maringaken redana langkung saking gangsal yuta Gulden kangge lumampahing pemerintahan RI saking Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing antawisipun kangge Kantor Presiden ingkang mapan ing Gedung Agung, kangge logistik prajurit RI saha kangge “biaya hidup”wragad para pemimpin Indonesia.

     Kanthi mekaten, kasinggihan Yogyakarta menika boten namung istimewa daerahipun ananging ugi  istimewa warga masyarakatipun. Cundhuk kaliyan keistimewaan-keistimewaan kala wau, sampun sakmesthinipun bilih kula panjenengan pinangka warga masyarakat Ngayogyakarta Hadiningrat rumaos bombong lan mongkog. Pramila Kula panjenengan ugi kedah ndherek njagi saha nglestatunaken keistimewaan kasebat.

     Sagung para lenggah ingkang minulya. Mekaten menggah sesorah ingkang saged kula aturaken. Mugi punapa ingkang kula aturaken punika wontena mupangatipun kangge  pribadi kawula sumrambahipun kagem para tamu.

Dara mabur, medhun nang wit sukun
Kula matur, sampun, lan matur nuwun….

Cekap sementen wedharan materi babagan sesorah saking Synaoo.com.

Mugi-mugi materi menika saged manfaat kangge kanca-kanca sedaya.

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.

Kata Kunci : Sesorah, Pranatacara, Contoh Sesorah, Cerkak, Sesorah Singkat, Sesorah yaiku, Contoh Sesorah Singkat Bahasa Jawa, Perangane Sesorah, Medhar Sabda, Pidhato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan, Sesorah Pendidikan