Basa Rinengga : Pengertian, Jenis, Tujuan, dan Contoh

basa rinengga

Pada postingan kali ini Synaoo.com akan membagikan materi Bahasa Jawa yaitu tentang Basa Rinengga. Berikut ini adalah pembahasan materi selengkapnya.

Pengertian Basa Rinengga

Basa rinengga tegese basa kang dipaes, direngga, utawa didandani ben dadi basa sing endah lan nresepake ati. Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lsp). Utawa basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni.

Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung.

Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. Istilah purwakanthi cupet banget pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia sajak utawa rima.

Tujuan Basa Rinengga

Kang dadi ancas (tujuan) digunakake basa rinengga yaiku kangge nambahi kaendahaning ukara (pepaes).

Jenis-Jenis Basa Rinengga

1.Tembung Saroja

Tembung kang rinakit seka rong tembung kang (meh) padha tegese kang dienggo bebarengan lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges.

Tuladha :

  • Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.
  • Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi.
  • Sumarno nduweni rasa tresna asih marang sumarni.

2. Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan).

Tuladha:

  • Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.
  • Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene (ceriwis).
  • Cah nakal kui pancen dowo tangane (nyolongan).

3. Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarané ora persis nanging mèmper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang.

Tuladha:

  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
  • Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)
  • Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

4. Paribasan

Pribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon).

Tuladha:

  • Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara.
  • Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake.
  • Setembung sing duweni teges sedhakep ngawe-awe tegese = wis mareni marang tumindak ala nanging ing batin isih kepingin nindakake maneh.

5. Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg pangang-gone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang.

Tuladha:

  • Kocak tandha lukak tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
  • Sedhakep ngawe-awe tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
  • Ngubak-ngubak banyu bening tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
  • Emban cindhe emban siladan: ora adil/ pilih kasih
  • Ancik-ancik pucuking eri: uripe tansah kuwatir

6. Saloka

Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge

Tuladha:

  • Gajah ngidak rapah tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe.
  • Sumur lumaku tinimba tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah.
  • Lahan karoban manis tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene.

7. Purwakanthi

Purwakanthi yaiku tembung mawa wirama kang kadhapuk kanthi ngambali peranganing swara utawa aksarane Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra.

Tuladha :

  • Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
  • Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
  • Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
  • Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kertasana.
  • Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
  • Sing sapa salah bakale seleh.
  • Angele sok ginawe dhewe.

8. Parikan

Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara. Paugeran utawa pathokane parikan Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos. Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.

Tuladha:

  • Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
  • Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
  • Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
  • Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakehan ragat.
  • Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
  • Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
  • Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
  • Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
  • Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau
  • Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
  • Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.

9. Pepindhan

Pepindhan yaiku unen-unen kang ora ngemu surasa kang sejatine. Lumrahe pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyane kang ngemu karep kaya. Pepindhan asring dipigunakake ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra.

Tuladhane:

  • Ayune kaya dewi Ratih
  • Dedege ngringin sungsang
  • Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling
  • Luruhe pindha Dewi Sembadra
  • Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
  • Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi
  • Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
  • Soca bang angatirah
  • Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
  • Akehe lelara kaya kena pageblug
  • Bedane kaya bumi karo langit
  • Begjane kaya nemu cempaka sawakul
  • Begjane kaya nemu emas sakebo
  • Cumlorot kaya lintang alihan
"Pendidikan adalah senjata paling ampuh untuk mengubah dunia"